Isaiah 36:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Elyakim, Sang Sebna lan Sang Yoah nuli mangsuli marang priyagung juru pangunjukan iku mangkene: “Sumangga kawula aturi ngandika mawi basa Aram dhateng ingkang abdi punika, awit kawula sami mangretos; nanging sampun ngandika dhateng kawula sadaya mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing sanginggiling tembok.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Elyakim, Sebna lan Yoah terus nyauri marang penggedéné juru ombèn kuwi mengkéné: “Hayuk kita njaluk ngomong nganggo basa Aram marang abdimu iki, awit kita pada ngerti; nanging aja ngomong marang kita nganggo basa Yéhuda, mengko dirungokké karo rayat ing sak nduwuré témbok.”