Isaiah 36:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging penggedéné juru ombèn ngomong: “Apa ratu kula anggèné ngutus kula ngabaraké tembungé iki mung marang ratu sampéyan lan marang sampéyan waé? Apa ora ya marang para wong sing pada lungguh ing nduwur témbok uga, sing pada mangan tainé lan ngombé uyuhé déwé bareng karo sampéyan kabèh kuwi?”