Isaiah 36:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan yèn kowé ngomong marang aku: Sing pada kula endelaké kuwi GUSTI, Gusti Allah kula, apa Panjenengané kuwi duduk sing puntuk-puntuké pangurbanan lan mesbèh-mesbèhé sing wis disingkréhké karo Hiskia karo ngomong marang Yéhuda lan Yérusalèm: Kowé kabèh kudu sujut lan nyembah ing ngarepé mesbèh iki!