Isaiah 37:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika samana Sang Prabu mireng kabar bab Sang Prabu Tirhaka, ratu nagara Etiopia, mangkene: “Panjenenganipun sampun pangkat badhe perang nglawan panjenengan dalem,” tumuli ngintunake utusan-utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kanthi kaweling mangkene:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu semono ratu krungu kabar bab Tirhaka, ratu negara Etiopia, mengkéné: “Piyambaké wis budal bakal perang nglawan sampéyan,” terus ngirimké utusan-utusan ing ngarepé Hiskia, karo diweling mengkéné: