Isaiah 41:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka, Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge. Kayadene kundhi ngiles-iles lempung, kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku wis ngobahké wong sangka lor lan kuwi wis teka, Aku wis nyeluk wong kuwi sangka sisih njedulé srengéngé karo nyebut jenengé. Kaya tukang kendi ngiles-ngiles lempung, kaya mengkono enggoné wong kuwi bakal ngidak-idak para sing nyekel pangwasa kaya endut.