Isaiah 42:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
nanging iku bangsa kang dijarah lan dirampog, kabeh padha katangkep ana ing guwa-guwa lan didhelikake ana ing omah-omah pakunjaran; wus padha dadi jarahan lan ora ana kang ngluwari, dadi rampasan lan ora ana kang celathu: “Balekna!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
nanging wong kuwi bangsa sing dirayah lan dirampok, kabèh pada dityekel ing guwa-guwa lan didelikké ing omah-omah paukuman; wis pada dadi rebutan lan ora ana sing ngluwari, dadi rampasan lan ora ana sing ngomong: “Balèkna!”