Isaiah 42:24 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sapa kang ngulungake Yakub supaya karampas, lan Israel marang kang padha ngrayah? Apa iku dudu Pangeran Yehuwah? Amarga kita wus dosa marang Panjenengane, lan lumuh lumaku ing dalan pitedahe, tuwin ora gelem ngrungokake marang piwulange.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sapa sing ngekèkké Yakub supaya dirampas, lan Israèl marang sing pada ngrayah? Apa kuwi duduk GUSTI? Awit kita wis dosa marang Panjenengané, lan nulak mlaku ing dalan sing diduduhké, lan ora gelem ngrungokké marang piwulangé.