Isaiah 45:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iya Ingsun iki kang ngobahake Koresy kalawan karsaningSun arep paring kaslametan, tuwin Ingsun bakal ngrata dalane kabeh; iya dheweke iku kang bakal mbangun kuthaningSun, sarta kang bakal ngluwari para wongingSun kang padha ana ing pambuwangan, tanpa bayaran lan tanpa besel,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ya Aku iki sing ngobahké Korèsy karo karep-Ku arep ngekèki keslametan, lan Aku bakal ngrata dalané kabèh; ya dèwèké kuwi sing bakal mbangun kuta-Ku, lan sing bakal ngluwari para wong-Ku sing pada ing pembuwangan, tanpa bayaran lan tanpa besel,” mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi.