Isaiah 46:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak, dipikul lan diprenahake ing panggonane; allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane. Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsuli lan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi terus ditumpangké ing pundak, dipikul lan dipernahaké ing panggonané; allahé kuwi terus ngadek ing kono ora bisa ngalih sangka panggonané. Senajan dibengok-bengoki karo wong, ora nyauri lan ora bisa ngluwari wong sangka kasusahané.