Isaiah 51:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mripatira arahna marang ing langit lan mandenga marang bumi kang ana ngisor; amarga langit sirna kayadene kukus, bumi dadi ala kaya sandhangan kang wus lawas tuwin kang manggon bakal padha mati kaya lemud; nanging pangluwaran peparingingSun bakal lestari ing salawas-lawase, sarta karahayon kang saka Ingsun ora bakal ana pungkasane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mripatmu nyawanga ing langit lan mandenga marang bumi sing ana ngisor; awit langit entèk kaya kebul, bumi dadi ala kaya sandangan sing wis lawas lan sing manggon bakal pada mati kaya lemut; nanging keslametan pawèh-Ku bakal tetep sak lawas-lawasé, lan keslametan sing sangka Aku ora bakal ana pungkasané.