Isaiah 58:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira bakal mbangun gempuran kang wus atusan taun, lan bakal ndandani tetales kang wus kapasang pirang-pirang turunan. Sira bakal kasebut “kang ndandani tembok kang jebol”, “kang ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé bakal mbangun gempuran sing wis maabad-abad, lan bakal ndandani dasaré sing wis dipasang pirang-pirang turunan. Kowé bakal disebut “sing ndandani témbok sing jebol”, “sing ndandani dalan supaya panggonan kono kena dienggoni”.