Isaiah 59:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane mirsa manawa ora ana wong siji-sijia kang jumedhul, tuwin ngungun, dene ora ana kang mbiyantu. Mulane astane piyambak kang mitulungi, sarta kaadilane kang mbiyantu Panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané ngerti yèn ora ana wong siji-sijia sing njedul lan Gusti nggumun, awit ora ana sing ngréwangi. Mulané tangané piyambak sing mitulungi, lan keadilané sing ngréwangi Panjenengané.