Isaiah 62:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangeran Yehuwah wus supaos demi astane kang tengen, demi astane kang kiyat: “Lah Ingsun ora bakal maringake gandumira maneh marang mungsuhira minangka pangane, lan wong-wong bangsa liyan ora bakal ngombe anggurira kang wus sira olah kanthi rekasa;
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
GUSTI wis sumpah kanggo tangan-Né sing tengen, kanggo tangan-Né sing kuwat: “Aku ora bakal ngekèkké gandumu menèh marang mungsuhmu kanggo pangané, lan wong-wong bangsa liyané ora bakal ngombé anggurmu sing wis kok masak karo rekasa;