Isaiah 63:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nunten sami kengetan dhateng jaman kina, jamanipun Nabi Musa, abdinipun punika: Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngentas saking seganten sesarengan kaliyan pangening menda-mendanipun? Wonten ing pundi ta Panjenenganipun ingkang ngesokaken Rohipun ingkang suci wonten ing manahipun;
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Banjur pada kèlingan marang jaman mbiyèn, jamané Moses, abdiné kuwi: Ing ngendi ta Panjenengané sing ngentasaké sangka segara bareng karo pangoné wedus-wedusé? Ing ngendi ta Panjenengané sing ngesokké Rohé sing sutyi ing atiné;