Isaiah 63:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka mugi karsaa mirsani saking swarga saha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung! Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka, panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka? Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengan supaya gelem weruh sangka swarga lan gelem weruh sangka griya Panjenengan sing sutyi lan gedé! Ing ngendi ta panasé ati Panjenengan lan kekuwatan Panjenengan, ati Panjenengan sing trenyuh lan kawelasan Panjenengan? Panjenengan supaya aja nganti ngendek ati Panjenengan piyambak!