Isaiah 63:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Ingsun mung piyambakan bae anggoningSun mipit, lan panunggalane umatingSun ora ana kang ngrewangi Ingsun! Ingsun wus mipit para bangsa ing sajroning bebenduningSun, wus padha Sunidak-idak ing sajroning mulad-mulading dukaningSun, getihe muncrat-muncrat marang ing rasukaningSun, sarta pangagemaningSun kabeh wus gluprut getih.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Aku mung dèwèkan waé enggon-Ku meres, lan tunggalé umat-Ku ora ana sing mèlu Aku! Aku wis ngumpulké para bangsa ing sak njeruhné bebendu-Ku, wis pada Tak idak-idak ing sak njeruhné mulat-mulat nesu-Ku, getihé muntyrat-muntyrat ing klambi-Ku, lan sandangan-Ku kabèh wis gluprut getih.