Isaiah 66:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong-wong kang padha sesuci lan reresik awak marga arep lumebu ing patamanan-patamananing dewa, kalawan ngetutake wong kang ana ing satengahe, kang mangan daging babi lan kewan-kewan kang najis lan tikus, iku bakal padha sirna kabeh babar pisan, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong sing pada nyutyèkké uripé lan ngresiki awak awit arep mlebu ing plataran-platarané retya, karo ngetutké wong ing sak tengahé, sing mangan daging babi lan kéwan-kéwan sing reget lan tikus, kuwi bakal pada entèk kabèh babar pisan, mengkono tembungé GUSTI.