Isaiah 66:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krugu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal ngekèki tanda ing sak tengahé lan tunggalané kuwi bakal sing Tak utus, ya kuwi para wong sing bisa utyul, marani bangsa-bangsa, ya kuwi menyang Tarsis, Pul lan Lidiya, menyang Mèsèk lan ing Ros, menyang Tubal lan Yawan lan menyang ing puluh-puluh sing adoh sing durung tau krungu kabar bab Aku lan durung tau weruh kamulyan-Ku, supaya pada ngabarké kamulyan-Ku ing sak tengahé para bangsa.