Isaiah 66:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa, wong ngurbanake wedhus, nanaging iya nugel gulune asu, wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi, wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala. Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe, lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong mbelèh sapi lanang, nanging uga matèni manungsa, wong ngurbanké wedus gèmbèl, nanging ya nugel guluné asu, wong pasrah kurban panganan, nanging ya masrahaké getih babi, wong masrahaké menyan, nanging uga nyembah marang brahala. Mulané: Kaya enggoné pada luwih seneng marang dalané déwé, lan nyawané seneng marang retyané sing njijiki,