Isaiah 8:23 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging nagara kang rinupek iku ora bakal katempuh ing kaanan surem ing salawase. Manawa biyen Sang Yehuwah ngesorake tanah Zebulon lan tanah Naftali, besuk Panjenengane bakal mulyakake dalan menyang ing sagara, wilayah ing sabrangane bengawan Yarden, wewengkoning bangsa-bangsa liya.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bangsa sing mlaku ing pepeteng kuwi ora bakal katekan kahanan peteng ndedet ing selawasé. Yèn mbiyèn Gusti ngasorké tanah Sébulon lan tanah Naftali, mbésuk Panjenengané bakal mbalèkké dalan menyang segara, panggonan ing sabrangé laut Yordan, panggonané bangsa-bangsa liyané.