James 1:13 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkene: “Aku digodha dening Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha dening piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk ènèng sedulur kenèng panggoda, sedulur kuwi ora kenèng ngomong nèk Gusti Allah sing nggoda dèkné, awit Gusti Allah ora kenèng digoda karo ala lan Gusti Allah déwé ya ora marakké wong digoda karo ala.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ana wong sing kena pantyoba aja ngomong ngéné: “Aku digoda karo Gusti Allah.” Jalaran Gusti Allah ora bisa dityoba karo sing ala lan Panjenengané ora nindakké panggoda marang sapa waé.