James 1:21 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané, para sedulur, sembarang ing uripmu sing ora pantes lan sak wernané klakuan sing ora apik buwangen kabèh. Saiki pituturé Gusti, sing wis dideder ing atimu, digatèkké nganggo andap-asor, awit pitutur kuwi sing bisa nylametké nyawamu kabèh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané pada buwangen samubarang sing reget lan sing ala sing kliwat okèh lan tampanana karo andap asor tembungé Gusti sing ditandur ing atimu, sing kwasa nylametké nyawamu.