James 1:27 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangibadah kang murni sarta tanpa cacad ana ing ngarsaning Allah, Rama kita, yaiku niliki bocah lola sarta para randha sajroning kasusahane lan njaga supaya awake dhewe aja nganti kena ing jejembering donya.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lah sedulur sing diarani nurut Gusti sing temenan lan sing dianggep tus pengandelé karo Gusti Allah Bapaké awaké déwé, kuwi sedulur sing kaya ngapa? Yakuwi sedulur sing nulungi botyah sing ora nduwé wong tuwa lan uga sedulur sing nulungi randa-randa ing kangèlané. Sedulur sing diarani tus pengandelé kuwi sedulur sing ngati-ati uripé, supaya ora kenèng regeté donya.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pangabekti sing murni lan tanpa tyiri ing ngarepé Gusti Allah, Bapak kita, ya kuwi mitulungi botyah lola lan para randa sak njeruhné kasusahané lan njaga supaya awaké déwé aja nganti diregeti karo ndonya.