James 3:6 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ilat iku iya geni, prasasat jagading kadurakan sarta dununge ana ing antarane peranganing badan kita, dadi sawijining perangan kang bisa ngregedi badan sakojur sarta bisa ngobong rodhaning urip kita, dene ilat iku dhewe kasaladan dening geni naraka.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ilaté manungsa kuwi ya kaya geni, senajan tyilik bisa nekakké karusakan gedé. Ilat kuwi wiwitané sak wernané ala. Lan jalaran ilat kuwi nang awak, mulané sak awak kabèh bisa ketularan, marakké wongé uga dadi ala lan sangsara slawasé urip, awit ilat kuwi diobong-obongi sangka neraka.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ilat kuwi ya geni, kaya waé jagaté sing duraka lan dadi golongané awak kita, sing bisa ngregeti awak sekujur lan ngobong urip kita; nanging ilat kuwi déwé diobong karo geniné neraka.