James 5:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging para sadulur, kang dhisik poma aja supata; dadia demi swarga dadia demi bumi utawa sadhengaha supata liyane. Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora, supaya kowe ora kena ing paukuman.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para sedulur, saiki aku kepéngin ngomongké barang liyané sing penting uga. Nèk kowé arep nggawé janji apa-apa, kowé ora usah sumpah. Aja sumpah nganggo seksi langit apa bumi, apa seksi apa waé. Nèk niyat “ya” kowé kudu ngomong “ya” nèk niyat “ora” ya ngomong “ora.” Nèk kowé sumpah, Gusti Allah bakal nyalahké kowé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging sing perlu déwé para sedulurku, kowé aja pada sumpah kanggo swarga utawa kanggo bumi utawa kanggo apa waé liyané. Yèn ya, ngomonga ya, yèn ora, ngomonga ora, supaya kowé ora kena ing paukuman.