Jeremiah 1:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane iku uga kadhawuhake nalika jamane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka ing wekasane taun kang kaping sawelase jumenenge Sang Prabu Zedhekia bin Yosia ratu ing Yehuda, nganti tumeka para wong kang manggon ing Yerusalem padha kaangkatake menyang ing pambuwangan, ing sajroning sasi kalima.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembung kuwi teka ing waktu jamané Yoyakim, anaké Yosia ratu Yéhuda, nganti tekan pungkasané taun sing kaping sewelas jamané Sedèkia, anaké Yosia ratu Yéhuda, nganti tekan para wong sing manggon ing Yérusalèm pada diboyong nang pembuwangan, ing sasi kaping lima.