Jeremiah 10:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Salaka blebekan digawa saka ing Tarsis lan emas saka ing Ufas; brahala iku gaweane tukang lan gaweaning tangane kemasan. Sandhangane jarit wungu tuwa lan wungu nom, kabeh gaweane para ahli.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Slaka blébékan digawa sangka Tarsis lan emas sangka Ufas; brahala kuwi gawéané tukang lan gawéané tangané tukang emas. Sandangané mori wungu tuwa lan wungu nom, kabèh gawéané para tukang sing pinter.