Jeremiah 11:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong iku wus padha mbaleni pialaning para leluhure, kang wus padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun. Padha ngetutwuri allah liyane lan dibekteni. Para turune Israel lan Yehuda wus padha nyelaki prasetyaningSun, kang Sundamel karo para leluhure.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong kuwi wis pada mbalèni penggawé alané para leluhuré, sing wis pada nulak ngrungokké tembung-Ku. Pada ngetutké mburi allah liyané lan dibektèni. Para turunané Israèl lan Yéhuda wis pada nyélaki perjanjian-Ku, sing Tak gawé karo para leluhuré.