Jeremiah 14:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yehuda punapa Paduka tampik babar pisan? Panggalih Paduka punapa jeleh dhateng Sion? Punapaa dene kawula sami Paduka gebagi ngantos boten saged mantun babar pisan? Kawula sami ngajeng-ajeng tentrem rahayu, nanging boten wonten punapa-punapa ingkang sae, ngantos-antos kasarasan, nanging ingkang wonten namung pagiris.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yéhuda apa Panjenengan tampik babar pisan? Ati Panjenengan apa jelèh marang Sion? Kenèng apa nanging kula pada Panjenengan digebuki nganti ora bisa waras babar pisan? Kula pada ngarep-arep tentrem rahayu, nanging ora ana apa-apa sing apik, ngentèn-entèni kewarasan, nanging sing ana mung rasa wedi.