Jeremiah 15:9 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek, tumrap dheweke srengenge wus surup sanadyan ing wayah awan, sarta nandhang wirang isin. Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong wadon sing wis manak kaping pitu kétok gloyoran, napasé sesek, kanggo dèwèké srengéngé wis mingslep senajan ing wayah awan, lan ngalami kisinan. Turahé bakal Tak pasrahké marang pedang ing ngarepé mungsuhé. Mengkono tembungé GUSTI.”