Jeremiah 16:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh GUSTI, Panjenengan kuwi kekuwatan lan bèntèng kula, pangungsèn kula ing dina kangèlan! Para bangsa sangka pojokané bumi pada bakal nemoni ing ngarepé Panjenengan lan ngomong mengkéné: “Tenan, para mbah kula kuwi mung nduwèni déwané para goroh, déwa sing tanpa guna, siji waé ora ana sing migunani.