Jeremiah 16:9 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awit Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, ngandika mangkene: “Lah ana ing panggonan kene, ana ngareping mripatira lan ing jamanira, Ingsun bakal ngandhegake sabawaning wong bungah-bungah lan suka-parisuka, apadene sabawaning penganten lanang lan wadon.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl, ngomong mengkéné: “Ing panggonan kéné, ing ngarepé mripatmu lan ing jamanmu, Aku bakal ngendek swarané wong bungah-bungah lan sukak-sukak, uga swarané pengantèn lanang lan wadon.