Jeremiah 18:23 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wondene Paduka, dhuh Sang Yehuwah, Paduka nguningani, sadaya rancanganipun anggenipun badhe mejahi kawula. Sampun Paduka apunten kalepatanipun, lan sampun Paduka ruwat dosanipun saking ngarsa Paduka: Nanging mugi sami kesandhunga wonten ing ngarsa Paduka. Mugi karsaa tumindak ing dinten bebendu Paduka!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Malah Panjenengan, duh GUSTI, Panjenengan ngertèni, kabèh rantyamané anggèné bakal matèni kula. Aja Panjenengan ngapura kesalahané, lan aja Panjenengan birat dosané sangka ngarepé Panjenengan: Nanging supaya pada kesandunga ing ngarepé Panjenengan supaya Panjenengan gelem nindakké ing dina bebendu-Mu marang wong-wong kuwi!