Jeremiah 19:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong iku nuli padha sira dhawuhana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Ingsun bakal ngepruk bangsa lan kutha iki kayadene pangepruke kundhi marang grabahe, temah ora bisa didandani maneh. Tofet bakal dadi kuburan, amarga wus ora ana panggonan liyane maneh kanggo ngubur.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong kuwi terus pada kok omongana mengkéné: Mengkéné tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: “Aku bakal ngepruk bangsa lan kuta iki kaya keprukané tukang kendi marang kendiné, nganti ora bisa didandani menèh. Tofet bakal dadi kuburan, awit wis ora ana panggonan liyané menèh kanggo ngubur.