Jeremiah 19:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal murungake rancangane Yehuda lan Yerusalem ing panggonan iki, lan Ingsun bakal damel ambruke wong-wong iku dening pedhang ana ing ngarepe mungsuhe lan para wong kang padha ngarah nyawane. Ingsun bakal ngetogake bae mayite kamangsa ing manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal murungké rantyamané Yéhuda lan Yérusalèm ing panggonan iki lan Aku bakal nggawé ambruké wong-wong kuwi karo pedang ing ngarepé mungsuhé lan para wong sing pada ngarah nyawané. Aku bakal ngejarké waé layoné dipangan karo manuk-manuk ing awang-awang lan kéwan galak ing bumi.