Jeremiah 21:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal ndhawahake piwales marang sira, kang timbang karo wohing panggawenira, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngurubake geni ana ing alase, kang bakal mangsa samubarang ing sakiwa-tengene nganti entek.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal nibakké balesan marang kowé, sing pantes karo wohé penggawému, mengkéné tembungé GUSTI, Aku bakal ngurupké geni ing alasé, sing bakal ngobong samubarang nang sak kiwa-tengené nganti entèk.”