Jeremiah 21:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Zedhekia, raja ing Yehuda, para punggawane tuwin para wong isining kutha, kekarene kang isih urip, ora tinempuh ing pageblug, pedhang lan paceklik, iku kabeh bakal Sunulungake marang tangane Nebukadnezar, raja ing Babil, yaiku mungsuhe, kang ngarah nyawane, banjur padha dipateni kalawan landheping pedhang tanpa pangeman, piwelas lan pangapura.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé kuwi mengkéné tembungé GUSTI, Sedèkia, ratuné Yéhuda, para pegawéné lan para wong ing kuta, sing ijik urip, ora kena ing lara pès, pedang lan patyeklik, kuwi kabèh bakal Tak pasrahké marang tangané Nebukadnésar, ratuné Babèl, ya kuwi mungsuhé, sing ngarah nyawané, terus pada dipatèni karo landepé pedang tanpa diéman, tanpa kawelasan lan ngapura.