Jeremiah 22:18 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda: “Wong ora bakal nangisi dheweke: Adhuh lae kakangku! Adhuh lae mbakyuku! Wong ora bakal nangisi dheweke: Adhuh lae gusti! Adhuh lae panjenengan dalem!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané mengkéné tembungé GUSTI kanggo Yoyakim anaké Yosia, ratu ing Yéhuda: “Wong ora bakal nangisi dèwèké: Oh kepriyé kakangku! Oh kepriyé mbakyuku! Wong ora bakal nangisi dèwèké: Oh kepriyé bendara! Oh kepriyé sampéyan!