Jeremiah 22:4 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Amarga yen sira padha bisa nindakake iku kabeh kalawan temen-temen, bakal kelakon para raja, kang bakal lungguh ana ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan kaarak lumebu ing gapura-gapuraning kraton: para raja iku, para punggawane lan kawulane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit yèn kowé pada bisa nindakké kuwi kabèh karo temen-temen, bakal kelakon para ratu, sing bakal lungguh nang damparé Daved, pada numpak kréta lan diarak mlebu ing gapura-gapurané kraton: para ratu kuwi, para pegawéné lan abdiné.