Jeremiah 23:2 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané tembungé GUSTI, Gusti Allahé Israèl marang para pangon sing ngengon bangsaku, mengkéné: “Kowé wis ngejarké waé wedus-wedus-Ku buyar lan pating slebar, ora kok rumati. Mulané ngertia, Aku bakal mbales marang kabèh penggawému sing ala, mengkono tembungé GUSTI.