Jeremiah 24:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Delengen, Sang Yehuwah nedahake kranjang loro isi woh anjir, ana ing ngarepe padalemane Sang Yehuwah. Kalakone prakara iku sawuse Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil ngangkut Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene Yehuda, para tukang lan pandhe saka ing Yerusalem, digawa menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Delengen, GUSTI nduduhké kranjang loro isi woh anjir, ing ngarepé griyané GUSTI. Kelakoné perkara kuwi sakwisé Nebukadnésar, ratu ing Babèl mbandang Yékonya anaké Yoyakim, ratu ing Yéhuda uga para penggedéné Yéhuda, para tukang lan pandé wesi sangka Yérusalèm, digawa menyang pembuwangan ing negara Babèl.