Jeremiah 24:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging kayadene woh anjir kang elek kang marga saka eleke nganti ora kena dipangan iku -- pangandikane Sang Yehuwah mangkene: -- Iya kaya mangkono anggoningSun bakal tumindak ing ngatase Zedhekia, ratu ing Yehuda, dalah para panggedhene, sarta kekarene wong ing Yerusalem, kang isih ana ing nagara kene apadene para wong kang manggon ana ing nagara Mesir.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging kaya woh anjir sing èlèk sing awit sangka èlèké nganti ora kena dipangan, kuwi tembungé GUSTI mengkéné: Ya kaya mengkono enggon-Ku bakal nandangi kanggo Sedèkia, ratu ing Yéhuda, uga para penggedéné lan turahé wong Yérusalèm, sing ijik ing negara kéné uga para wong sing manggon ing negara Egipte.