Jeremiah 25:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandika kang kadhawuhake marang Nabi Yeremia bab sakehe wong Yehuda, nalika jumenenge Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda wus nyandhak patang taune, yaiku nalika ing taun kawitan jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé sing dipréntahké marang Yérémia bab wong Yéhuda, jamané Yoyakim anaké Yosia, ratu ing Yéhuda wis nyandak patang tauné, ya kuwi waktu ing taun wiwitan jamané Nebukadnésar, ratuné Babèl.