Jeremiah 25:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Wiwit nalika jumenenge Sang Prabu Yosia bin Amon, ratu ing Yehuda wus nyandhak telulas taune tumeka ing dina iki, dadi wus oleh telulikur taun anggonku kadhawuhan pangandikane Sang Yehuwah iku, lan ora kendhat-kendhat anggonku mituturi marang kowe, nanging kowe ora gelem ngrungokake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Wiwit nalika jamané Yosia anaké Amon, ratu ing Yéhuda wis nyandak telulas tauné tekan ing dina iki, dadi wis olèh telulikur taun enggonku nampa tembungé GUSTI kuwi lan ora mandek-mandek enggonku ngomongi marang kowé, nanging kowé ora gelem ngrungokké.