Jeremiah 25:33 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina iku banjur bakal akeh wong mati glimpangan, kang pinejahan dening Sang Yehuwah, saka ing poncoting bumi tumeka ing poncoting bumi. Bakal padha ora ditangisi, ora dikukupi lan dipendhem, bakal padha dadi rabuk ing pategalan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina kuwi terus bakal okèh wong mati glimpangan, sing dipatèni karo GUSTI, sangka pojokané bumi tekan pojokané bumi. Bakal pada ora ditangisi, ora diklumpukké lan dipendem, bakal pada dadi rabuk ing kebon.