Jeremiah 26:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Punapa Sang Prabu Hizkia, raja ing Yehuda lan sakathahipun tiyang Yehuda lajeng mejahi piyambakipun? Piyambakipun rak ngabekti dhateng Sang Yehuwah, satemah nunten nyuwun sih-piwelasipun Sang Yehuwah, mugi Sang Yehuwah kaduwunga ing bab bilai ingkang kaancamaken dhateng para leluhur kita. Lah sapunika kita, punapa kita badhe ndhatengaken bilai ingkang ageng sanget punika dhateng badan kita piyambak?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa Hiskia, ratu ing Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda terus matèni dèwèké? Dèwèké apa ora ngabekti marang GUSTI, terus banjur njaluk kawelasan GUSTI, supaya GUSTI getun ing bab tyilaka sing diintyimaké marang para leluhur kita? Saiki kita, apa kita bakal nekakké tyilaka sing gedé banget kuwi marang awak kita piyambak?”