Jeremiah 27:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Marang para imam lan rakyat kabeh aku uga kandha, pangucapku: “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Aja padha nggugu marang para nabinira, kang meca marang sira. Lah piranti-pirantining padalemane Sang Yehuwah ora antara suwe bakal dibalekake saka tanah Babil. Amarga para wong iku padha meca goroh marang sira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Marang para imam lan rayat kabèh aku uga omong, tembungku: “Tembungé GUSTI mengkéné: Aja pada nggugu marang para nabimu, sing ngomongké marang kowé piranti-pirantiné griyané GUSTI ora let suwé bakal dibalèkaké sangka negara Babèl. Awit para wong kuwi pada ngomongké goroh marang kowé.