Jeremiah 27:8 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging bangsa lan karajan kang ora gelem teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil lan lumuh mikul pasangane ana ing gulune, iku bakal Sunukum kalawan pedhang, pailan lan pageblug, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah -- temah padha Sunulungake babar pisan ing tangane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging bangsa lan kraton sing ora gelem teluk marang Nebukadnésar, ratuné Babèl lan nulak mikul pasangané ing guluné, kuwi bakal Tak ukum karo pedang, pailan lan lara pès, mengkéné tembungé GUSTI, nganti pada Tak pasrahké babar pisan ing tangané.