Jeremiah 29:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal marengake sira ketemu kalawan Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka ing antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal nglilani kowé ketemu karo Aku, mengkono tembungé GUSTI lan Aku bakal mulihké kahananmu lan nglumpukké kowé sangka antarané para bangsa lan sangka saben panggonan enggon-Ku mbuyarké kowé, mengkono tembungé GUSTI lan Aku bakal nguléhké kowé menyang panggonan, sangka nggon-Ku ngguwak kowé.