Jeremiah 29:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
temah iku bakal didadekake ipat-ipat dening sakehe wong buwangan saka Yehuda kang padha ana ing Babil, mangkene ujare: Kareben Sang Yehuwah nandukake marang kowe kaya Zedhekia lan Akhab kang padha dipanggang ing geni dening ratu ing Babil!,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
nganti kuwi bakal didadèkké bebendu karo sak kabèhé wong buwangan sangka Yéhuda sing pada ing Babèl, mengkéné tembungé: Bèn GUSTI nindakké marang kowé kaya Sedèkia lan Akab sing pada dipanggang ing geni karo ratu ing Babèl,